-->
  • Jelajahi

    Copyright © Harian Wangon | Pelopor Media di Banyumas Barat
    Best Viral Premium Blogger Templates

    ads

    Menu Bawah

    Moco Wektu Ora Waton Jawab Ora Mikir

    Ali Sobirin
    Senin, 10 Juli 2023, 11.30.00 WIB Last Updated 2023-07-10T04:30:33Z

    Edi Maryono terlihat membaca buku yang dapat membuat introspeksi diri


    HARIANWANGON - Maca wektu

    Pira umurmu ?
    Angka kuwe nyata uga semu
    Pitakonan sing ngemut pikir
    Ora waton njawab ora mikir

    Mati udu sebab umur
    Mriyang akeh dalane
    Maca wektu
    Kapan kanggo dolan lan gemuyu
    Kapan golet ilmu
    Kapan mbales banyu susu

    Urip kudu urup
    Migunani maring sepada pada

    Aja mbedak mbedakna
    Apa maning ngasor asorna
    Kabeh menungsa nduweni kepintaran
    Siji lan sijine ora pada

    Becik ketitik ala ketara
    Sapa nandur bakale ngunduh

    Bisa maca wektu
    Kelebu wong sing winasis
    Ngerti sedurunge winarak
    Nangi mung kanggo awak

    Ora gelem ndisiti kersa
    Tansah eling lan waspada



    Sumber : Edi Maryono
    Editor : Moch. Ali Sobirin
    Komentar

    Tampilkan

    Terkini

    Pendidikan

    +
    close
    close