-->
  • Jelajahi

    Copyright © Harian Wangon | Pelopor Media di Banyumas Barat
    Best Viral Premium Blogger Templates

    ads

    Menu Bawah

    Bendera Kuwe Tanda Maju Maring Palagan

    Ali Sobirin
    Selasa, 04 Juli 2023, 19.41.00 WIB Last Updated 2023-07-04T12:41:50Z

    Foto Edi Maryono Siap Bagi-bagi Bendera, Tanda Maju Maring Palagan.


    HARIANWANGON - Mulai bagi bagi bendera, bendera kuwe tanda maju maring palagan.

    Bendera kuwe tanda
    Maju maring palagan kurusetra
    Siap perang lan menang
    Utawa kalah kesebut pahlawan


    Mulai bagi bagi bendera
    Bendera Partai
    Kon siap tumandang gawe
    Aja ndekem nang ngumah bae


    Jer basuki mawa bea
    Nggolet biting nganggo biaya
    Kursi Dewan gede wragade
    Kursi Goyang ngawe awe


    Digede mentale
    Diakeih sangune
    Donga aja nganti pedot
    Sodakoeh aja alot


    Tahun politik wis diwiwiti
    Aja kagetan nek dadi politisi
    Kanca perek gelem midek
    Wong liya malah mulyakna


    Politik kuwe lentur kaya mendoan
    Uga kaku kaya tempe kripik
    Esuk kedele sore tempe
    Ngomong esuk beda sore


    Mencla mencle
    Yaa kaya kuwe anane
    Mulane politisi akeh sing ndableg
    Jere nggo mbuang nek



    Sumber : Edi Maryono
    Komentar

    Tampilkan

    Terkini

    Pendidikan

    +
    close
    close